SANDIASMA
Kasusun Kangge Njangkepi Praktik Basa Jawa
Guru Pengampu : Triwik Damarjati, S.S., M.Pd
Kasusun dening :
Nama
: Aqila Zalfa Pradita
Kelas
: XII IPS
No. Absen
: 07
SMAN 1 YOGYAKARTA
KOTA YOGYAKARTA
2024
꧄ꦱꦶꦺꦤꦴꦩ꧀꧄
Dening: Aqila Zalfa Pradita
꧄ꦲꦫꦤꦏꦼꦧꦤꦁꦱꦏꦿꦭ꧀꧈
|| Aran tingkeban kang sakral/
ꦏꦶꦤꦂꦪꦲꦁꦺꦒꦴꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧈
Kinarya nggo jabang bayi/
ꦭꦩ ꦲꦺꦤꦴꦤꦏꦤꦠꦤ꧀꧈
Lampahan jroning kandhutan/
ꦗꦭꦫꦤꦶꦱ ꦶꦠꦸꦁꦱꦱꦶ꧈
Jalaran wis pitung sasi/
ꦭꦶꦩꦃꦮꦶꦮꦶꦠꦂꦧꦶꦤꦶ꧈
Limrah wiwit garbini/
ꦥꦔꦫꦼꦥ ꦩꦼꦠꦲꦪꦸ꧈
Pangarep slamet rahayu/
ꦥꦭꦩꦁꦏꦢꦼꦺꦢꦴꦔ꧈
Pralambang king dedonga/
ꦢꦶꦒꦪꦤꦭꦶꦏꦩꦶꦗꦶꦭ꧀꧈
Digdaya nalika mijil/
ꦠꦤꦪꦱꦲꦺꦫꦤꦠꦼꦧꦶꦃꦏꦧꦭꦏ꧀꧉
Tanaya saha rena tebih king balak//
ANALISIS TEMBANG
A. Paugeran Tembang
-
Jinis tembang
: Sinom
-
Cacahing pada
: 1 pada
-
Guru Gatra
: 9 gatra
-
Guru Wilangan lan Guru Lagu
: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
-
Tema
: Mitoni
-
Watakipun tembang
: Seneng, grapyak
-
Ginanipun tembang
: Ngandharake kawruh ngenani mitoni
-
Wosing tembang
:
Tembang macapat sinom ing inggil kanthi tema mitoni ngandharaken ngengingi
upacara mitoni. Upacara mitoni gadhahi sipat ingkang sakral sanget saengga boten
saged dipunlanggar. Tujuwan saking ngawontenaken upacara mitoni inggih menika
supados jabang bayi ugi ibunipun tansah slamet rahayu dumugi wancinipun babaran.
Upacara mitoni menika dipuntindakaken nalika sang ibu ngandhut kaping setunggal
ugi nalika yuswanipun kandhutan ngancik pitung sasi.
B. Sandiasma
Mapan ing saben wiwitaning gatra
C. Paugeran Anggitan
-
-
Wancahan
● Nggo
: Kanggo
● Saking
: King
Tembung Seselan
● Kinarya
-
: Karya + - in
Presentase basa kawi 25%
D. Tembung Kawi
Wonten 8 saking 32
No. Basa Kawi
Tegesipun
1.
Kinarya
Katindakake
2.
Limrah
Lumrah
3.
Garbini
Ngandhut
4.
Rahayu
Slamet
5.
Digdaya
Menang
6.
Mijil
Lair
7.
Tanaya
Anak
8.
Rena
Ibu
Daftar Pustaka
Sastra.org
Yayasan Sastra Lestari. (n.d). Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon. Bausastra
Jawa,
Poerwadarminta,
1939
#75
Sastra.org.
https://www.sastra.org/bahasa-dan-
budaya/kamus-dan-leksikon/781-bausastra-jawa-poerwadarminta-1939-75-