Uploaded by Warkamah Warkamah

SOAL B.JAWA KLS VI TP. 2019-2020

advertisement
DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN TUBAN
KORWILCAM BIDANG PENDIDIKAN KECAMATAN MONTONG
PENILAIAN AKHIR SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2019/2020
Tanda Tangan
Orang Tua
Mata Pelajaran
: Bahasa Jawa
Kelas
: VI (Enam)
Hari/Tanggal
: Selasa, 10–12–2019
Waktu
: 09.30 – 11.00 WIB
Nama Peserta
: ...............................
Paraf Guru :
I. Wenehana tang ping (x) ing ukara a, b, c utawa d ing wangsulan kang bener !
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 1 nganti 3
Taman Nasional Baluran
Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara
Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan
Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah
sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/hutan
lindung sing dilindhungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing
asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.
Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung
sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional
Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan
pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing
paling misuwur yaiku bantheng.
1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....
a. Alam Indonesia
b. Taman Nasional
c. Taman Nasional Baluran
d. Cagar Alam utawa Hutan Lindung
2. Sing nduweni tugas njaga lestarine alam Indonesia yaiku ....
a. Pemerintah
c. Masyarakat
b. Warga negara Indonesia
d. Kementerian Kehutanan
3. Mamalia sing paling misuwur ing Taman Nasional Baluran yaiku ….
a. bantheng
c. sapi
b. wedhus
d. kebo
4. Pawarta diandharake kanggo....
a. mangerteni prasawane
b. golek informasi
c. kanggo hiburan
d. weweh informasi
5. Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku ....
a. Ngundhuh wohing pakarti
b. Lemah longsor mendhem ewonan omah
c. Gunakna banyu sacukupe !
d. Ayo njaga lestarine alam
6. Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku ....
a. ukarane ngujuk-ngujuki
c. ukarane nyenengake
b. ukarane mamerake
d. ukarane ngajak-ajak
7. ”Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen”, yen diowahi nganggo basa
krama sing bener dadi….
a. Panguripan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen
b. Panguripan ing pundi mawon mbetahaken oksigen
c. Pagesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen
d. Pagesangan ing pundi kewawon betah oksigen
8. Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise slogan yaiku ....
a. Alasku paru-paruku
b. Alasku paru-parune donya
c. Lestari alasku, lestari bumiku
d. Alasku sehat, paru-paruku sehat
Tembang ing ngisor iki kanggo soal nomer 9 lan 10!
Lelandhesan Pancasila,
Ya Bhinneka Tunggal Ika puniki,
Nyata kaesti satuhu,
Pranataning agama,
Seni, sastra lan budaya adiluhung,
Dadi jatidhiri bangsa,
Indonesiaku yekti
9. Tembang ing dhuwur arane tembang ....
a. Pucung
c. Kinanthi
b. Pangkur
d. Asmaradana
10. Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....
a. 8a – 11i – 8u – 7a – 12u - 8a – 8i
c. 8a – 11a – 8u – 7a – 12i - 8a – 8i
b. 8a – 11u - 8i – 7u – 12e – 8i – 8i
d. 8a – 11i – 8a - 7a – 12a – 8i – 8a
11. Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani ....
a. guru wilangan
c. guru swara
b. guru lagu
d. guru gatra
12. Dene cacahe wanda saben gatra diarani ....
a. guru lagu
c. guru swara
b. guru gatra
d. guru wilangan
13. Ing ngisor iki ukara sing ora kalebu pitutur kang migunani yaiku….
a. Wiwit cilik sregep golek ilmu
b. Kudu tansah mirengake prentahe guru
c. Aja gelem ngudi kawruh agama
d. Bocah-bocah kudu sregep sekolah
Kanggo soal nomer 14 nganti 16, gatekna tembang ing ngisor iki!
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
badanira panjang,
tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira.
14. Tembang ing dhuwur jenenge tembang ….
a. Pucung
c. Mijil
b. Sinom
d. Gambuh
15. Guru wilangan lan guru lagune gatra kapapat tembang ing dhuwur yaiku …
a. 6a
c. 10a
b. 8i
d. 12a
16. Tembang ing dhuwur satemene cangkriman. Batangane …
a. sabuk
c. tali
b. kalung
d. ula
17. Unen-unen Jawa, tegese ....
a. tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat
b. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu
c. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna
tartamtu
d. tetembungan tartamtu kang endah
18. Unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ora ngemu surasa
pepindhan diarani ....
a. saloka
c. bebasan
b. paribasan
d. pepindhan
19. Sing mbedakake antarane paribasan, kalawan bebasan lan saloka yaiku ....
a. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah
b. Tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah
c. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu
d. Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar
20. Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ....
a. tetembungane tetep, cacahe ganep
b. tetembungane tetep, ganep, bisa owah
c. tetembungane tetep, ora owah
d. tetembungane tetep, isine owah
21. Bebasan sing ngemu teges “bisa njunjung drajate wong tuwa” yaiku ....
a. Ing ngarso asung tuladha
b. Keplok ora tombok
c. Mikul dhuwur mendhem jero
d. Pitik trondhol di umbar ing padaringan
22. Tegese paribasan kriwikan dadi grojogan yaiku....
a. Dituturi bola-bali meksa ora digugu
b. Wong sing sarwa kecukupan uripe
c. Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-ngenteki
d. Perkara cilik dadi gede
23. Tegese saloka jer basuki mawa beya yaiku ….
a. Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan
b. Amrih bisa seneng, butuh mangan enak
c. Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur
d. Amrih bisa sugih, butuh utangan
24. Tegese bebasan kebo kabotan sungu yaiku....
a. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu
b. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen pakaryane
c. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus
d. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen anake
25. Raden Ngabehi Ranggawarsita punika asma timure Bagus Burhan.
Tegese asma timure yaiku ....
a. jeneng gelare
b. jeneng nalika nom-nomane
c. turunane raja
d. jeneng gedhe ne
II. Isinana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan sing bener !
26. Wacan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan
ngeyakinake sing maca diarani ....
27. Sesambungan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku lan
digunakake diarani ....
28.
Gambar ing sisih kiwa iki kalebu jinise ….
33. “ Durung becus ....”
Tembung kanggo jangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ….
34. Akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana.
Bebasan kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ….
35. Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Saloka kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ….
III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener !
36. Apa arane teks sing ngandharake fakta, kamomot ana ing medhia cetak utawa
elektronik lan isine sing lagi dadi bahan omongane masyarakat? ….
29.
Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ing dina Selasa, 16
Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengi ora
leren. Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden
Kecamatan Kampak, lagi surut lan bisa ditangani ing ing dina Rabu, 17 Agustus
2016.
Wacan ing dhuwur kalebu jinise teks ….
37. Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi
nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah
menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu
minangka sumber panguripan.
Wacan ing dhuwur diarani teks apa? ….
38.
Gambar ing sisih kiwa iki kalebu
jinising apa? ….
30. Carane meruhi wewatakane tembang kanthi ndeleng ….
31. Wacanen tembang ing ngisor iki!
Sagung pra rawuh sedaya,
Mugi pinayungan nugraha yekti,
Asih tresna Alloh satuhu,
Tansaha kasarira,
Puja-puji syukur saha sembah sujud,
Konjuk ing ngarsa paduka,
Gusti Alloh maha suci
Tembang ing dhuwur kalebu tembang macapat, yaiku ….
32. Cacahe larik saben sapada ing tembang macapat diarani ….
39. Titikane tembang macapat kuwi manggon ana ing apane? ….
Wacanen tembang ing ngisor iki kanggo soal 40 nganti 42!
Nuswantara iku bumi klairanku,
En Ka Er I nyata,
Gemah ripah loh jinawi,
Samya asih sinisihan ing sasama.
40. Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang apa? ….
41. Kepriye guru wilangan lan guru lagune gatra kapapat tembang ing dhuwur? ….
42. Kepriye gancarane “Gemah ripah loh jinawi” saka tembang ing dhuwur? ….
49. Tulisen 4 bae titikane unen-unen arupa bebasan lan saloka!
Wangsulane :
43. “Becik ketitik, . . . .”
Tembung apa sing mathuk kanggo jangkepi paribasan ing dhuwur? ….
44. Anggone golek kawruh Mbak Dewi nganti adus keringet.
Apa tegese adus keringet ?....
45. Kerubuhan gunung. Bebasan iki tegese nemoni apa?....
IV. Garapen pitakon - pitakon ing ngisor iki kanthi bener !
46. Tulisen teks pawarta saparagrap kanthi tema lingkungan!
Wangsulane :
47. Tulisen teks persuasi saparagrap kanthi tema lingkungan!
Wangsulane :
48. Tulisen 8 jinise tembang macapat!
Wangsulane :
50. Tulisen tegese unen-unen ing ngisor iki!
a. Sepi ing pamrih, rame ing gawe
b. Kodhok nguntal gajah
Wangsulane :
KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA
PENILAIAN AKHIR SEMESTER I
KELAS VI TAPEL. 2019/2020
I.
II.
III.
1.
2.
3.
4.
5.
C
B
A
D
C
6.
7.
8.
9.
10.
A
C
D
B
A
11.
12.
13.
14.
15.
B
D
C
A
D
26.
27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
teks persuasi
pariwara/Iklan
slogan
teks pawarta
isine tembang
Pangkur
guru gatra
kaselak besus
udan tangis
kebo nusu gudel
36.
37.
38.
39.
40.
41.
42.
43.
44.
45.
teks pawarta
teks persuasi
pariwara/Iklan
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Pucung
12a
tentrem, makmur lan subur lemahe
ala ketara
temenan
kesusahan
16.
17.
18.
19.
20.
A
B
B
D
C
IV.
21.
22.
23.
24.
25.
C
D
A
D
B
46.
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes
marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara
lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir
bandhang nrajang telung Kecamatan ing kabupaten Trenggalek,
yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.
(Kebijaksanaan guru)
47.
Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber
banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja
mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo
bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber
panguripan.
(Kebijaksanaan guru)
48. Mijil, Maskumambang, Sinom, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh
Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pucung
49.
a. Ajeg panganggone
b. Tegese entar (kias)
c. Bebasan nganggo gegambaran arupa kahanan, dene saloka
gegambaran arupa barang utawa kewan
d. Bebasan tanpa jejer (subjek), dene saloka lumrahe ana jejere
50.
a. Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
b. Wong duwe kekarepan sing mokal kalakone
Download